Adicara Penandatanganan Kesepakatan Bersama Antawisipun Gubernur Jawi Tengah Kaliyan Bupati/Walikota

Kala  dinten Kemis , 4 Desember 2014 , manggen wonten ing gedung Gradika Bakti Praja sampun kalaksanaaken adicara Penandatanganan Kesepakatan Bersama antawisipun Gubernur Jawi Tengah kaliyan Bupati/walikota ngengingi Pengalihan Kewenangan Pengelolaan Sekolah Luar biasa (SLB) saking Pamarintah Kabupaten/Kota dhateng Pamarintah Provinsi Jawi Tengah. 

Penandatangan kerjasama punika minangka amanah PP No. 17 tahun 2010 pasal 131 ayat 1, ingkang netepaken bilih Pamarintah Provinsi Jawi Tengah nggadahi tanggeljawab ngawontenaken Pendidikan Khusus.

Pendidikan khusus nggih punika pendidikan kangge peserta didik ingkang nggadahi kekirangan saklebetipun nderek proses pasinaon,amargi nggadhahi kelainan fisik, emosional,mental,social lan utawi nggadahi potensi kecerdasan lan bakat istimewa ingkang nggadahi tujuan kangge ngrembakaaken potensi peserta didik kanthi optimal miturut kemampuannipun. 

Pramila saking punika, penandatanganan Mou dinten punika nggadahi makna ingkang sanget wigatos kangge ningkataken mutu pasinaon tumrap para siswa ingkang nggadahi kebetahan khusus. Miturut pangandikanipun  Gubernur Jawi Tengah, H.Ginanjar Pranowo,SH, bilih tahun anggaran 2015 punika taksih mangsa transisi,sahengga panggulawenthahing anggaran kangge SLB Kabupaten/Kitha taksih dados tanggeljawab kabupaten/Kitha, dene Provinsi nggadahi tanggeljawab ing babagan penguatan kelembagaan SLB.  Sepindah malih  gubernur ngersaaken  Mou punika saged enggal dipun wujudaken kanthi aksi nyata.
 
 

Artikel Terkait



  • Digg
  • Delicious
  • Facebook
  • Mixx
  • Google
  • Furl
  • Reddit
  • StumbleUpon
  • Technorati
  • 0 komentar:

    Posting Komentar

    Terima kasih telah berkenan berkunjung dan meninggalkan jejak komentar

    Next previous home